Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
بسم الله الحمد لله والصلاة والسلام على رسول الله سيدنا ومولانا محمد بن عبد الله اما بعده لا حول ولا قوه الا بالله
@ Dumateng poro alim ulama ingkang tansah Kawulo dereki dawuh-dawuh ipon.
@ Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang kawulo hormati
@ Dumateng poro panembating Projo ingkang tansah kawulo hormati
@ Dumateng poro tamu undangan ingkang tansah kinormatan
Monggo ing wekdal ingkang sahe puniko,Kito tansah ngatur aken raos syukur kito dumateng Allah SWT,ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo,arupi nikmat Iman, nikmat Islam lan ugi nikmat kesehatan, bi qoulina Alhamdulillahirobbil 'alamin. Sahinggo kito sedoyo saget angrawuhi dakwah undangan saking keluarga ..............Kanti kawontenan rahayu wilujeng lir sambikolo. amiin yaa robbal 'alamin.
Kaping kalihipon,sholawat soho salam mugiyo tansah kito aturaken dumateng junjungan kito Nabiyullah Muhammad Saw.biqoulina allahumma sholli 'ala sayyidina muhammad wa 'ala ali sayyidina muhammad,Ingkang tansah kito ajeng-ajeng syafaat ipon menjang wonten ing dinten kiyamat.
Kaping tigonipon kawulo ing ngriki minongko sesulih saking Sohibul Hajjah,ngatur aken matur suwon sanget atas karawuhan panjenengan sedoyo dene menopo sampon saget hadir angrawuhi dakwah undangan ipon Bpk.......Wonten acara walimatul khitan meniko,lan sohibulbhajjah mboten saget mbales punopo-punopo,hanamung saget ngatur aken jazakumullohu khoriron katsiiro.
Lan ugi mugi-mugi atas karawuhan panjenengan sedoyo wonten dalem meniko mbekto pinten-pinten barokah, pinten-pinten Rohmad saking Allah SWT. lan ugi ndados aken amal sholih panjenengan sedoyo. amiin yaa robbal 'alamin.
Selajeng ipun Sohibul Hajjah lumantaran kawulo,mbok menawi angen ipon paring pahurmatan dumateng panjenengan sedoyo mulai awal hinggo paripurnaning acara Walimatul khitan mengke, mbok menawi anggen ipon paring pahurmatan,suguh,gupuh,lungguh wonten tumindak ingkang mboten nuju prono dumateng penggalih panjenengan sedoyo,Sohibul Hajjah ....namung saget nyuwon pangapunten sak katah katahipon.
Poro rawuh ingkang minulyo,wondene runtuting adicoro ingkang bade kalampah inggih puniko :
Sepindah pambuko.
Kaping kalihipon waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an.
Kaping tigonipon inggih puniko mauidhoh khasanah
Kaping sekawan inggih puniko Do'a
Katutup kaliyan acara ingkang pungkasan inggih puniko ramah tamah
Poro rawuh ingkang minulyo,Monggo acoro meniko Kito buko Kanti waosan surotul Fatihah,Mugi-mugi acaro ingkang bade kalampah mangke tansah pinaringan lancar mboten wonten alangan puncak-puncak,
على هذه النيه وعلى كل نيه صالحه الفاتحه
('Ala hadzihinniyah wa'ala kulli niyatin shoolihah,Alfaatihah)
Matursuwon,
Lumebet adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko Wahosan ayat-ayat suci Al-Qur'an, Dumateng Al-Ustadz .........,......wekdal Soho panggenan Kawulo aturaken.
Shadaqallahul adzim shadaqallahul adzim shadaqallahul adzim, matur suwun kawulo aturaken dimadang Al ustadz.......mugi-mugi kanti wawasan Al-Qur'an kolowahu mbarokahi dumateng ingkang mahos, khusus ipon kagem anak........lumebero dumateng kito sedoyo ingkang hadir.
Lumebet adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko mauidhoh khasanah ingkang bade kaaturaken dumateng panjenengan ipon Bpk.KH Syamsudin.
Sakdereng ipon acoro mauidhoh khasanah kawiwitan,Monggo rerampatan ingkang sampun cumawis wonten ngajeng panjenengan Monggo dipon rahapi.
Dumateng panjenengan ipon Bpk.KH Syamsudin,wekdal Soho Sasono palenggahan Kawulo aturaken.
Matur suwon kawulo aturaken.
Lumebet adicoro ingkang kaping Sekawan inggih puniko Wahosan do'a penutup,ingkang bade kaaturaken deneng panjenengan ipon Bpk.KH. Solikhin,Dumateng panjenengan ipon,wekdal soho sasono palenggahan kawulo aturaken.
Matur suwon kawulo aturaken.
Poro rawuh ingkang minulyo,acara demi acara sampon kalaksanaaken Kanti lancar, mugi-mugi mbekto manfaat tumrap Kito sedoyo Amin.
Lumebet adicoro ingkang pungkasan inggih puniko ramah tamah,kasuwon dumateng panjenengan sedoyo sabar sak antawis,ngrantos juru lagi,ngladosi panjengan sedanten.
Poro rawuh ingkang minulyo,Kulo angriki minongko pranono adicoro,mbok menawi anggen kawulo ngroce acoro meniko,wonten kurang langkung ipon ,utaminipon angen kawulo matur, kawulo namung saget nyuwon samudro pangarsami sak katah-katahipon.
Akhirul Kalam , assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
No comments:
Post a Comment