Pages

Monday, September 2, 2024

Contoh Pasrah Pengantin Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Wr. Wb. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh


Ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning akrami.


Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, “Mugi Rahayuha Sagung Dumadi”, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangluberana dhumateng kawula.


Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji minangka dhuta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp. …………….. (nama orang tua calon pengantin pria) sekaliyan.


Panjenenganipun Bp. …………… (nama orang tua calon pengantin putri) sekaliyan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenenganipun Bp. …………… (nama orang tua calon pengantin pria) sekaliyan, ingkang sepisan: ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan, sumarambah para kulawarga samudayanipun.


Jangkep kaping kalih: ing nguni sampun wonten pirembagan, ing antawisipun BP. ………… (nama orang tua calon pengantin pria) sekaliyan, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg. (nama calon pengantin pria) kaliyan Bp. ………… (nama orang tua calon pengantin putri) sekaliyan garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi kenya siwi sesilih Rr. ……………… (nama calon pengantin putri)


Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawah sonten, ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah panjenenganipun Bp. ……………. (nama orang tua calon pengantin pria) sekaliyan, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan punika, ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.


Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp……………….. (nama orang tua calon pengantin putri) sekaliyan garwa inggih punika:


Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saengga mboten saged pisah salamilaminipun.


Kasoking katresnan Bp. ………………………(nama orang tua calon pengantin pria) sekaliyan dhumateng Bp. ………………………(nama orang tua calon pengantin putri) sekaliyan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud ………………………, ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon penganten putri.


Mboten kekilapan Bp. ……………………… (nama orang tua calon pengantin pria) sekaliyan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp ……………………… (nama orang tua calon pengantin putri) sekalihyan garwa (ingkang mengku gati) netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi.


Kajawi punika, panyuwunipun Bp. ……………………… (nama orang tua calon pengantin pria) sekaliyan, ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agamimiwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.


Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp. ……………………… (nama orang tua calon pengantin pria) sekaliyan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.


Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun. BP ………………….. (nama orang tua calon pengantin pria) sekaliyan, menawi wonten gonyak-ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksami.


Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah. Wassalaamu’alaikum Wr. Wb.

No comments:

Post a Comment